NGELMU URIP
Anane tak wenehi irah-irahan
‘ngelmu urip’ amarga ‘ngelmu Jawa’ iku pancadane babagan nglakoni urip
tumraping manungsa ana ing ngalam donya. Fokus utamane tumuju nglakoni urip
sing bener, becik lan pener murih bisa ‘titis ing pati’. ‘Titis ing pati’ iku
ora ngrembuk suwarga lan neraka. Nanging luwih tumuju bisowa ngulihake
sakabehing ‘unsur-unsur’ kang mangun wujuding ‘manungsa urip’ marang sumbere
dhewe-dhewe kanthi sampurna. Sing saka unsur alam (geni, lemah, angin, banyu)
bali marang sumber-sumbere kang ‘azali’. Sing saka cahya lan teja ya bali
marang sumber azaline. Dene suksma (dzat urip, ruh) ya bali marang Suksma
Kawekas (Guruning Ngadadi, Dzat Sejatining Urip). Wondene kang maune ‘wujud’
ninggala jeneng kang becik kang bisa tinulad dening turas (anak turune).
Amarga piwulange ngenani ‘ngelmu
urip’, mulane piwulang Jawa luwih migatekake babagan urip bebarengan karo
sakabehing titah. Kanyatan kang ora bisa dibantah, menawa manungsa ora bisa
urip ijen, nanging kudu bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah
kang manggon ing alam donya (Ngarcapada) kene iki. Holistik, mangkono anggone
para ahli menehi tenger marang wawasan (falsafah) Jawa iki. Karepe, menawa
sakabehing ‘kang ana’ ing alam semesta iki ana sesambungane sacara
‘kosmis-magis’. Kang mangkene iki tumrape wong Jawa sejatine wis mbalung
sungsum dadi otot bayu. Karepe, wis dadi ‘naluri dasar’ kanggone wong Jawa.
Piwulang Jawa kang wujud ngelmu lan
laku tumangkare wiwit saka sumber asal biyen-biyene nganti tumekane jaman saiki
ora sarana anane ‘sistim pendidikan’. Mung sarana gethok tular ing antarane
‘sesepuh’ marang generasi bacute. Nanging pilih-pilih marang sing bisa
ditulari kawruh. Mulane saya auwe
saya tipis lan terasing saka wong Jawa dhewe. Malah-malah saking ora ngertine
lan kebacut nyecep kawruh saka kabudayan lan peradaban saka manca banjur
nganggep ngelmu lan laku Jawa iku mung gegayutan karo olah kebatinan. Sing
ekstrim banjur ngarani yen klenik, tahayul lan gugon tuhon.
Kemajuan jaman ing wektu iki
ndadekake manungsa mundhak pinter lan mulur nalare. Mula yen ngadhepi bab-bab
sing kurang ‘nalar’ padha ora tertarik. Kabeh-kabeh dianggep kudu logika
penalaran kang klebu akal. Yen ora, dianggep omong kosong nggedebus adol abab.
Apamaneh tuntutan kanggo ‘survive’ ing jaman saiki butuh ‘segala daya’. Genahe,
wektu iki ana ‘pergerakan’ peradaban tumraping manungsa sak jagad. Owah-owahan
kang dumadi rikat banget lan akeh wong sing ‘bengong’ semlengeren ora gaduk
nalare kanggo ‘memahami’. Sing operasional kari ‘naluri defensif’ supaya tetep
‘survive’. Kabeh butuh urip kang underane (manut Wedhatama): kecukupan
kebutuhan sandhang-pangan-papan (kerta utawa arta), kajen keringan ing
tengahing bebrayan (wirya) lan pinunjul ngelmu lan kawruhe (winasis). Menawa salah
siji bab tetelu mau ora diduweni banjur banget nisthane kang diupamakake ‘luwih
aji godhong jati aking’. Senajan diskripsi underane kebutuhan urip wis cetha
diterangake, nanging kanyatane ora saben uwong bisa nggayuh kanthi sampurna.
Ing tengahing masyarakat ana sing sugih pol ning ya ana sing mlarat banget. Ana
sing bisa dadi panutaning liyang (nggayuh kawiryan) nanging ana sing dadi
‘memalaning bebrayan’. Ana sing pinter, nanging ya akeh sing bodho lan bloon
banget.
Kabeh prabedaning manungsa sing siji
lan liyane kanyatane ana ing tenghing masyarakat. Mula ana ‘potensi ketegangan’
kang ora ana enteke.
Mbok menawa bae sakabehing ajaran
agama lan ideologi kang lair ing donya iki salah siji tujuwane kanggo ngawekani
murih rukune manungsa. Potensi ketegangan diredam nganggo hukum negara, adat,
ajaran agama lan etika moral liyane. Semono uga ngelmu lan laku Jawa uga duwe
tujuwan kanggo gawe tata tentrem kerta raharjaning bebrayan. Mung bae, cara
Jawa iku lueih tumuju marang rekadaya nata ‘kesadaran’ batine manungsa
katimbang gawe hukum-hukum kang ngatur tumindake saben manungsa ing bebrayane.
Ya kanggo nata ‘kesadaran’ iku anane ngelmu lan laku ana ing piwulang Jawa.
Pitakone, apa ngelmu lan laku Jawa isih relevan kanggo ngadhepi persoalan urip
ing jaman globalisasi wektu iki ?
Nilai-nilai budaya lan peradabane
manungsa pancen owah gingsir manut jaman kelakone. Ngelmu lan laku kang ana ing
piwulang Jawa wernane akeh lan duwe piguna dhewe-dhewe. nanging umume, gunane
kanggo kepentingan urip. Kamangka wateking manungsa urip uga werna-werna. Ana
sing ‘becik-bener-pener’ kanggo kepentingane urip bebarengan, nanging ya akeh
sing ‘ala-salah-ngawur’ sing ngrusak bebrayan. Anehe, kok ngelmu lan laku
kanggo kekarone ya ana kabeh ing jagad Jawa. Kabeh pancadane kanggo sangu
nglakoni urip. Kanthi mangkono pancen rada abot angone arep njlentrehake bab
sakabehing ngelmu lan laku Jawa. Mulane, murih kepenake anggonku ngaturake
‘Ngelmu Urip’ ing postingan iki tak rujukake marang serat-serat kapujanggan
kayadene Wulangreh, Wedhatama, lan liya-liyane. Muga-muga Gusti Kang Murbeng
Dumadi ngeparengake.
Untuk Anda Yang Selalu Kalah Di Dalam Permainan TOGEL.Anda Tdk Usah Lagi Memikirkan Kekalahan Anda.Sekarang Saya Suda Menemukan Solusi Nya.Pada Waktu Itu.Saya Sering Mendengar Cerita Tentang Adanya Angka Ghoib/Ritual.Maka Dari Itulah Saya Makin Penasaran Dgn Adanya Angka Ghoib Itu.Akhirnya Saya Mencoba Menghubungi Beliau Dan Meminta Angka Ghoib Itu.Meskipun Di Pikiran Saya Kurang Meyakinkan.Dan Ternyata Angka Nya Benar2 Terbukti Tembus 100% SGP 4D Yaitu(3137)Alhamdulillah Saya Dapat(47)jta.Saya Betul2 Tidak Menyangka Ini Semua Akan Terjadi Kpda Saya'Dan Semua Hutang2 Saya Suda Saya Lunasi.Kini Saya Suda Hidup Tenang Dan Tdk Di kejar2 Hutang Lagi Seperti Dulu.ini Adalah Benar2 Kisah Nyata Saya.Untuk Saudara2 Saya Di Mana Pun Anda Berada Yang Mengalami Masalah Keuangan Dan Yang Ingin Mendapatkan Angka Ghoib HasiL RituaL/Jitu'2D_3D_4D_5D_6D'Di Jamin 100% TEMBUS Silahkan Anda Hubungi Langsung AKI,BARAKA Di NoMor(_0_8_2_3_1_0_2_9_6_7_7_7_)Ini Bukan Sekedar Reka Yasa Untuk Di Pamerkan.Jika Anda Penuh Kepercayaan Dan Keyakinan Silahkan Anda Buktikan Sendiri Jika Anda Ingin Mengubah Nasib.Terimah Kasih Thankz Roomx Zhobath ★
BalasHapus