Pasrah Penganten
Kakung
Assalamu'alaikum wr.wb.
Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para
pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti
dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom .....................................
ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para
Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing
pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning
kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka
pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan
tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para
kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun,
panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah
kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung)..............
ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng
pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk
dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang
sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing
menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi
pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking
menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung
ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil
qiyamah. Allahumma amin.
Kula pun ............................. ingkang
piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu
.................................. nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten
kakung ingkang pidalem ing .............................................,
keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku
gati)........... dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking
......................................... sowan dhumateng panjenenganipun
Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga, kanthi niat
silaturrahmi.
Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun
Bp/Ibu ..................................... gotrah kulawarga, katur dhumateng
panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung
kulawarga dalasan bebrayan agung ing ........(kampung)..........
ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur
“assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping tiganipun, Bp/Ibu
................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah,
dene panjenenganipun Bp ......(pemangku gati)........... sampun saged
ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi
pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para
pinisepuh. Kepara
malah sampun nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken,
pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun.
Panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku
gati)........... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu
............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken
agunging panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut
satataning agami lan negari, menapadene kadhaupaken anut satataning adat
ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi sineksenan lan pinaringan berkah
pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking menika, putra temanten
kakung, nuwun inggih .........(penganten kakung)........., kula
pasrahaken dhumateng Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan
kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra
pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya
ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wisma, saha bekti dhateng
sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.
Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu
................................... gotrah kulawarga, amasrahaken putra
temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados
warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.
Kejawi saking menika, inggih awit saking
kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring
pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken
darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, lare ndhusun ingkang
taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana menawi kirang, lan kaemutna
menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sae,
ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan
pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing
tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula
matur, labet kados taksih kathah reroncening adicara ing titi kalenggahan
menika. Dene saparipurnaning adicara ing mangke, kula sarombongan keparenga
badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan
kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.
Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah
minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih
anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih keparenga
diagung ing pangaksami.
Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
INGIN MERASAKAN KEMENANGAN DI DALAM BERMAIN TOGEL TLP KI ANGEN JALLO DI NMR (_0_8_5_2_8_3_7_9_0_4_4_4_) JIKA INGIN MENGUBAH NASIB KAMI SUDAH 20 X TERBUKTI TRIM’S ROO,MX SOBAT
BalasHapusINGIN MERASAKAN KEMENANGAN DI DALAM BERMAIN TOGEL TLP KI ANGEN JALLO DI NMR (_0_8_5_2_8_3_7_9_0_4_4_4_) JIKA INGIN MENGUBAH NASIB KAMI SUDAH 20 X TERBUKTI TRIM’S ROO,MX SOBAT
INGIN MERASAKAN KEMENANGAN DI DALAM BERMAIN TOGEL TLP KI ANGEN JALLO DI NMR (_0_8_5_2_8_3_7_9_0_4_4_4_) JIKA INGIN MENGUBAH NASIB KAMI SUDAH 20 X TERBUKTI TRIM’S ROO,MX SOBAT
Untuk Anda Yang Selalu Kalah Di Dalam Permainan TOGEL.Anda Tdk Usah Lagi Memikirkan Kekalahan Anda.Sekarang Saya Suda Menemukan Solusi Nya.Pada Waktu Itu.Saya Sering Mendengar Cerita Tentang Adanya Angka Ghoib/Ritual.Maka Dari Itulah Saya Makin Penasaran Dgn Adanya Angka Ghoib Itu.Akhirnya Saya Mencoba Menghubungi Beliau Dan Meminta Angka Ghoib Itu.Meskipun Di Pikiran Saya Kurang Meyakinkan.Dan Ternyata Angka Nya Benar2 Terbukti Tembus 100% SGP 4D Yaitu(3137)Alhamdulillah Saya Dapat(47)jta.Saya Betul2 Tidak Menyangka Ini Semua Akan Terjadi Kpda Saya'Dan Semua Hutang2 Saya Suda Saya Lunasi.Kini Saya Suda Hidup Tenang Dan Tdk Di kejar2 Hutang Lagi Seperti Dulu.ini Adalah Benar2 Kisah Nyata Saya.Untuk Saudara2 Saya Di Mana Pun Anda Berada Yang Mengalami Masalah Keuangan Dan Yang Ingin Mendapatkan Angka Ghoib HasiL RituaL/Jitu'2D_3D_4D_5D_6D'Di Jamin 100% TEMBUS Silahkan Anda Hubungi Langsung AKI,BARAKA Di NoMor(_0_8_2_3_1_0_2_9_6_7_7_7_)Ini Bukan Sekedar Reka Yasa Untuk Di Pamerkan.Jika Anda Penuh Kepercayaan Dan Keyakinan Silahkan Anda Buktikan Sendiri Jika Anda Ingin Mengubah Nasib.Terimah Kasih Thankz Roomx Zhobath ★
BalasHapus